Lirik Lagu Daerah Jawa Tengah

Budayakan Lagu Daerah KitaIngat Itu



Lirik Lagu Daerah Jawa Tengah - Lir Ilir
Lirik Lagu Daerah Jawa Tengah - Lir Ilir

Lir ilir lir ilir
Tandure wong sumilir
Tak ijo royo royo
Tak sengguh panganten anyar

Cah angon cah angon
Penekna blimbing kuwi
Lunyu lunyu penekna
Kanggo mbasuh dodotira

Dodotira dodotira
Kumintir bedah ing pinggir
Dondomana jrumatana
Kanggo seba mengko sore

Mumpung padang rembulane
Mumpung jembar kalangane
Sun suraka surak hiyo

 Lirik Lagu Daerah Jawa Tengah - Bapak Pucung


Bapak Pucung dudu watu dudu gunung
Sangkane ing sebrang
'ngon-ingone sang Bupati
Bapak Pucung yen m'laku lembehan grana

Lirik Lagu Daerah Jawa Tengah - Gambang Suling


Gambang suling,
Kumandhang suarane
Thulat thulit kepenak unine
Uuu…uuu…uuu…uuu…unine mung
Nrenyuhake baa…reng
Lan kentrung ke…tipung suling
Sigrak kendhangane
reff :
kembali ke atas..gambang suling…

 Lirik Lagu Daerah Jawa Tengah- Gek Kepriye


Duh kaya ngene rasane
Anake wong ora duwe
Ngalor ngidul tansah diece
Karo kanca kancane
Pye pye pye pye ya ben rasakna
Pye pye pye pye rasakna dewe
Pye pye pye pye ya ben rasakna
Pye pye pye pye rasakna dewe
Besuk kapan aku bisa
Urip kang luwih mulya
Melu nyunjung drajating bangsa
Indonesia kang mulya
Pye pye pye pye mbuh ra weruh
Pye pye pye pye mbuh ra ngerti
Pye pye pye pye mbuh ra weruh
Pye pye pye pye mbuh ra ngerti

Lirik Lagu Daerah Jawa Tengah - Gundul Pacul


gundhul-gundhul pacul-cul
gembelengan
nyunggi-nyunggi wakul-kul
kelelengan
wakul ngglimpang segane dadi sak latar
wakul ngglimpang segane dadi sak latar

 Lirik Lagu Daerah Jawa Tengah- Jamuran


Jamur-an ya ge-ge thok
Ja-mur a-apa-ya gege thok
Jamur gajih mberjijih sak
ara-a-ra sira bage jamur apa?
Jamur apa?
Jamur gagak
Gaok gaok gaok
gaok gaok
Jamur-an ya ge-ge thok
Ja-mur a-apa-ya gege thok
Jamur gajih mberjijih sak
ara-a-ra sira bage jamur apa?
Jamur apa?
Jamur kethek menek
Uwite ra ana kethek
Kethek menek Kethek menek
Kethek menek Kethek menek
Kethek menek Kethek menek
Kethek menek Kethek menek
Lirik Lagu Daerah Jawa Tengah - Jaranan

Jaranan . .. Jaranan
Jarane jaran teji
Sing numpak ndoro Bei
Sing ngiring poro abdi

Cek cek nong ... cek cek gung
Jarane mlebu ning lurung

Gedebuk krincing ... Gedebuk krincing
Gedebuk krincing ... prok prok
Gedebuk jeder (2x)


Jaranan . .. Jaranan
Jarane jaran kepang
Sing nunggang klambi abang
Mlakune ndhut ndutan


Cek cek nong ... cek cek gung
Jarane mlebu ning lurung

Gedebuk krincing ... Gedebuk krincing
Gedebuk krincing ... prok prok
Gedebuk jeder  (2x)


Jaranan . .. Jaranan
Jarane jaran kore
Ora ono kendaline
Jarane mlayu dewe


Cek cek nong ... cek cek gung
Jarane mlebu ning lurung

Gedebuk krincing ... Gedebuk krincing
Gedebuk krincing ... prok prok
Gedebuk jeder  (2x)

Lirik Lagu Daerah Jawa Tengah - Padang Wulan


Yo ‘pra kanca dolanan ing jaba
padhang wulan padhange kaya rina
Rembulane e sing awe-awe
ngelingake aja padha turu sore
Yo ‘pra kanca dolanan ing jaba
rame-rame kene akeh kancane
Langite pancen sumebyar rina
yo padha dolanan sinambi guyonan 
By Aditia Fahri
Fb https://www.facebook.com/aditia.fahri2
Twitter @Aditiafahri1
Share on Google Plus

About Unknown

This is a short description in the author block about the author. You edit it by entering text in the "Biographical Info" field in the user admin panel.
    Blogger Comment

0 komentar:

Posting Komentar